
Sore - sore daripada ndomlong, inyong iseng - iseng ngorak arik kaki Google. E... malah ketemu website duweke Satlantas Polres Purbalingga. Katone situs esih kinyis - kinyis alias esih anyar.
"Nggeh kula rakyat alit ngaturaken Selamat Kagem Sedaya jajaran Satlantas Purbalingga saking wontene website Satlantas Polres Purbalingga."
Pengarep - arepe inyong, website kuwe bisa nggo sarana informasi sekang Lantas Purbalingga nggo kabeh sing nganggo kendaraan...
IF YOU LIKE TIHS POST,
PLEASE CLICK BELOW

Ana maning jimat sing diarani Pring Pethuk. Pring pethuk kuwe jimat sing wujude pring, tapi salah siji thukulan pang'e utawa cabange kuwe madhep ngisor, utawa pethukan karo thukulan pang liyane. Inyong dewek wis tau weruh wujude, pancen barange antik, tur angel nggolete. Tapi ngger manfaat sing hubungane karo urip, inyong dewek ora ngerti. Ngger cara inyong pring pethuk kuwe bisa kedaden sebab kang alam utawa pancen kersane Gusti Allah.
Lha ngger...
IF YOU LIKE TIHS POST,
PLEASE CLICK BELOW

Nyambung tulinane inyong winginane masalah jimat. Kye ana conto jimat sing lumayan terkenal. Jenenge "Kantong Macan". Akeh wong padha, sing nggoleti jimat kiye nganti tekan ngendi ora. Nganti ngentongna wragad akeh, bot - bote nggolet jimat kantong macan sing jere bisa nggo piandel urip. Ngger nang inyong, rika padha tak waraih nggolet jimat kantong macan sing gampang, tur gratis.
Rika ana sing wis tau weruh utawa duwe jimat kantong macan? mesti...
IF YOU LIKE TIHS POST,
PLEASE CLICK BELOW

Inyong yakin golagokin rika padha mesti ngerti jimat. malah ana sing gedhabigan ngalor - ngidul nggoleti jimat. Jere monge kena nggo jaga - jaga urip. Kena nggo piandel ben ora diganggu wong jahat. padahal sejatine, urung karuan rika padha kuwe ngerti artine utawa mangsude jimat.
Kiye semending - mending tek ularna mangsude jimat kuwe apa. Inyong olih pengertian kiye uga sekang wong tuwaku. Cara wong gemiyen, jimat kuwe sebenere ukara sanepan, ora...
IF YOU LIKE TIHS POST,
PLEASE CLICK BELOW

Sengertine Inyong, mbiyen dong jaman Perang Kemerdekaan.Inyong kabeh wong se-Indonesia "Bersatu" nggo ngurak Landa ben lunga kang lemah Indonesia. kabeh padha guyub, ora nana sing mbedakna, kowe wong ngendi, sukumu apa. pokoke ora kakehen thetek mbengek pitakonan.
Bareng siki aku lha krasa priyatin banget. Ngger krungu kabar sing nang tipi karo radio. Wong kadar tangga desa thok pada tukaran. kaya sing nang Cikesik apa ngendi kae, Inyong mandan...
IF YOU LIKE TIHS POST,
PLEASE CLICK BELOW

Kiye resep ora khusus nggo putune inyong sing esih pada prawan. Tapi nggo kabehan sing pancen mbutuhna ben kulite katon alus, bersih tur kinclong. Pokomen dijamin berhasil trus wektune gur sedela, ora perlu suwe - suwe. Asal gelem, trus langsung dadi. Garansi, dijamin aman, cepet, gratis, ora perlu nganggo obat trus langka efek sampinge. Trus ngger sing awake nggedombyor alias katon lemu juga bisa diakali ben katon singset.
Rika pada sing ora pede...
IF YOU LIKE TIHS POST,
PLEASE CLICK BELOW

Kiye udu berita sedulur, tapi hasil analisane inyong sing sok pinter. Pak Heru, bupati Purbalingga sing siki lagi njabat, bareng tak amat - amati beda karo Bupati mbiyen ( ya jelas beda, wonge sejen ). Ngger Pak Triyono, bupati sedurunge Pak Heru, ketone wonge kuwe seneng nggawe acara sing rame. Ya... nggo nyeneng - nyenengna rakyate. Sedela - dela ana acara nang alun - alun Purbalingga, mbuh kuwe lengger, panggung rok, ebeg-ebegan, dangdutan, dangkopi,...
IF YOU LIKE TIHS POST,
PLEASE CLICK BELOW

Sapa sing ora kenal Kaki Entus? kayane kabeh warga Banyumas karo sekitare ngerti Kaki Enthus. Kaki Enthus kuwe dalang sing kesohor nang komplek Jawa tengah, malahan kayane terkenale nganti tekan planet Mars ndean..??
Rika kabeh sing ngerti kaki Enthus, ngertine kae wong Dalang wayang Kulit. Tapi nyatane kaki Enthus lumayan ngger Mayang alias dadi Dalang Wayang Golek. Ngger wong sing komplek Bumiayu apa Tegal kayane wis akeh sing ngerti.
Jebulane...
IF YOU LIKE TIHS POST,
PLEASE CLICK BELOW