Selamat Kagem Satlantas Purbalingga.

Posted by NIN 8:13 PM, under | 1 comment

Sore - sore daripada ndomlong, inyong iseng - iseng ngorak arik kaki Google. E... malah ketemu website duweke Satlantas Polres Purbalingga. Katone situs esih kinyis - kinyis alias esih anyar.

"Nggeh kula rakyat alit ngaturaken Selamat Kagem Sedaya jajaran Satlantas Purbalingga saking wontene website Satlantas Polres Purbalingga."

Pengarep - arepe inyong, website kuwe bisa nggo sarana informasi sekang Lantas Purbalingga nggo kabeh sing nganggo kendaraan bermotor nang lingkungan Purbalingga. Seliyane kuwe uga bisa nggo sarana komunikasi, nyampekna saran, keluhan warga Purbalingga nggo Polres Purbalingga, utamane Satlantas Polres Purbalingga.

Penjaluke inyong website kuwe bisa terus berkembang, lan tepat sasaran sesuai karo fungsi pelayanan nang dunia informatika. Trus sing pada arep saran utawa pertanyaan nang web kuwe ya sing pada sopan, aja asal nulis. Trus pitakonan utawa usule kudu sing bermutu. Kabeh mau nggo meningkatkan pelayanan polisi karo nggo kenyamanan rika kabeh sing nganggo kendaraan bermotor.

Tapi, katone Polres Purbalingga. Sing senduwure Lantas malah kayane ora duwe website. Pripun niki pak Kapolres? napa mboten isin kalih bawahane? Ketinggalan tehnologi. Pak Kapolres, mangga gagehan damel, ben kula sami saged takon utawa saran. Mboten namung masalah montor thok.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Jimat Pring Pethuk

Posted by NIN 11:21 PM, under | 3 comments

Ana maning jimat sing diarani Pring Pethuk. Pring pethuk kuwe jimat sing wujude pring, tapi salah siji thukulan pang'e utawa cabange kuwe madhep ngisor, utawa pethukan karo thukulan pang liyane. Inyong dewek wis tau weruh wujude, pancen barange antik, tur angel nggolete. Tapi ngger manfaat sing hubungane karo urip, inyong dewek ora ngerti. Ngger cara inyong pring pethuk kuwe bisa kedaden sebab kang alam utawa pancen kersane Gusti Allah.

Lha ngger jimat "pring pethuk"?. Ngger cara ramane inyong jimat pring pethuk kuwe uga sanepan wong jaman mbiyen. Sing kudu bener - bener diresapi arti karo mangsude sekang pring pethuk. Rika padha, mesti ngerti wit pring. Wit pring kuwe lurus maring nduwur, pang'e uga madep nduwur kabeh, jarang sing pang'e madep ngisor. Ngger cara wong mbiyen wit pring kuwe perlambang gegayuhan utawa cita - cita. Dadi ngger rika duwe gegayuhan utawa cita - cita kuwe kudu mantep nggole usaha mujudnane. Ora gampang nyerah. Kaya wit pring sing madep lurus maring nduwur.

Senajan wit pring sing nggo perlambang cita -cita mau lurus madep nduwur karo pang'e mbarangan. Tapi lewih apik ngger salah siji pang'e madep ngisor ( sing diarani pring pethuk ). Mangsude ngger rika duwe cita - cita kuwe, pancen apik ngger semangat nggo mujudna. Tapi ana kalane rika kuwe nylinguk mburi, ndeleng githoke dewek. Diresepi maning. Rika kuwe pancen sanggup mujudna cita - citane rika apa ora? Trus cita - citane rika kuwe pancen apik nggo keluargane rika karo tangga teparone rika apa ora?

Dadi cara inyong kesimpulane, ngger rika duwe gegayuhan utawa cita - cita, kudu duwe Jimat Pring Pethuk. Sing mangsude, ngger rika duwe cita - cita, pancen apik ngger semangat nggole mujudna cita - citane, kaya wit pring kuwe mau. tapi kudu duwe perencanaan sing apik, kudu dipikir sebab lan akibate nggo dewek uga nggo wong liya. Mbok apik Jimat pring Pethuk?

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Jimat Kantong Macan

Posted by NIN 11:18 PM, under | 1 comment

Nyambung tulinane inyong winginane masalah jimat. Kye ana conto jimat sing lumayan terkenal. Jenenge "Kantong Macan". Akeh wong padha, sing nggoleti jimat kiye nganti tekan ngendi ora. Nganti ngentongna wragad akeh, bot - bote nggolet jimat kantong macan sing jere bisa nggo piandel urip. Ngger nang inyong, rika padha tak waraih nggolet jimat kantong macan sing gampang, tur gratis.

Rika ana sing wis tau weruh utawa duwe jimat kantong macan? mesti urung ana sing tau weruh apamaning duwe jimat kantong macan. Ngger wis ana sing tau weruh utawa duwe kantong macan, kuwe kaya inyong dewek ora ngerti manfangate. Kantong macan sing asli kuwe sing gur Kebun Binatang thok. Ngger rika rumangsa duwe kantong macan sing asli, cara inyong kuwe udu kantong macan. Tur jelas kantonge thok, langka macane.

Kiye tak waraih carane duwe kantong macan. Cara ramane inyong mbiyen, kantong macan kuwe sekang tembunge wong jaman mbiyen. Ya kuwe sekang tembung kantong karo macan. Kantong kuwe mangsude wadah. Lha ngger macan kuwe cara wong mbiyen perlambang sekang hal - hal sing buas utawa napsu.

Artine kantong macan kuwe wadah nggo madaih hal - hal sing buas utawa napsu sing ora apik. Mangsude jimat Kantong macan kuwe, Segalane sing ana hubungane karo nafsu sing ora apik kuwe, diwadaih utawa dikendalikan, ora bras bres. Pikirane sing aso, ora gampang jengkel, ora kemrungsung.

Dadi cara inyong, wong sing duwe jimat kantong macan kuwe, wong sing bisa ngantongi macane dewek. Mangsude wong sing bisa ngendalikna hawa nafsu sing ora apik. Ora gampang jengkel, bisa lembah manah ngadepi masalah. Ngger bisa ngrumat "kantong macan" kuwe, ngadepi masalah gampang rampung tur bisa ditresnani wong liya. Gampang mbok, olih jimat kantong macan?

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Mangsude Jimat

Posted by NIN 11:15 PM, under | 2 comments

Inyong yakin golagokin rika padha mesti ngerti jimat. malah ana sing gedhabigan ngalor - ngidul nggoleti jimat. Jere monge kena nggo jaga - jaga urip. Kena nggo piandel ben ora diganggu wong jahat. padahal sejatine, urung karuan rika padha kuwe ngerti artine utawa mangsude jimat.

Kiye semending - mending tek ularna mangsude jimat kuwe apa. Inyong olih pengertian kiye uga sekang wong tuwaku. Cara wong gemiyen, jimat kuwe sebenere ukara sanepan, ora bisa diartikna mentah - mentah. Kudu diresepi disit. Senajan jimat kuwe ana sing bener - bener nyata. Tapi senajan jimat kuwe wujude bener - bener nyata. Ngger cara inyong, manjur utawa orane kuwe tergantung "sugestine" sing duwe.

Jimat kuwe sekang ukara barang utawa hal siji sing dirumat. Dadi mangsude barang utawa hal sing kowe duwe, trus kowe bisa ngrumat hal -hal kuwe. Terus hal kuwe sing bisa migunani nang awake rika padha, kuwe sing diarani jimat. Dadi ora mesti jimat kuwe barange katon njlegudhad trus kudu disembah sembah. Malah jere kyaine ngger nyembah barang - barang sing kaya kuwe jenenge musrik.

Jimat kuwe mistik. Pancen terkadang kuwe bener. Tapi mangsude mistik kuwe ora katon. Alias jimat sing rika padha duwe ora katon wujude, dadi diarani mistik. Akeh sekang rika padha sing wis duwe jimat, tapi rika padha ora rumangsa. Sebab hal kuwe ora katon, terus rika padha ora bisa ngrumat jimat kuwe, dadine rika padha ora sadar nek rika padha duwe jimat.

Nang tulisane inyong ngesuk tak terangna contone, macem - macem jimat sing sering nggo goletan wong, contone kaya Kantong Macan, Pring Pethuk. Tapi sejatine rika kuwe bisa tur gampang duwe jimat kuwe, tur ora Musrik.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Renungan : Mayuh sing padha Guyub Rukun

Posted by NIN 11:11 PM, under | 1 comment

Sengertine Inyong, mbiyen dong jaman Perang Kemerdekaan.Inyong kabeh wong se-Indonesia "Bersatu" nggo ngurak Landa ben lunga kang lemah Indonesia. kabeh padha guyub, ora nana sing mbedakna, kowe wong ngendi, sukumu apa. pokoke ora kakehen thetek mbengek pitakonan.

Bareng siki aku lha krasa priyatin banget. Ngger krungu kabar sing nang tipi karo radio. Wong kadar tangga desa thok pada tukaran. kaya sing nang Cikesik apa ngendi kae, Inyong mandan lamat - lamat krungu.

Pancen ngger dipikir penyebabe, masalaeh kuwe ora sederhana. Masalaeh kuwe masalah Aqidah, masalah agama sing dadi prinsipe urip. Ngger ana sing ora bener apa menceng, kuwe kudu dibenerna. Diwei weruh dalan sing bener kon aja nganti keblosok lewih adoh. Tapi aku ora sreg ngger nganti padha jotos - jotosan apamaning nganti ana korban jiwa.
Aku ndukung banget kweh, ngger ana wong sing mbelani agama, nglurusaken wong sing Aqidaeh menceng sekang pathokan agama Islam. Apamaning agama Islam sing kuwe uga dadi aqidaeh inyong. Tapi sarane Inyong nggo sing arep nglurusaken, ora susah nganggo kekerasan, jotos -jotosan apamaning nganggo korban jiwa. Mayuh pada dirembug sing guyub, nganggo ati sing adem. Dirayu ben gelem nganggo Aqidah sing bener sesuai karo Aqidah Islam.

Lha sing diwei saran, senajan kuwe wis dadi kayakinane rika padha. Tapi genah akeh wong sing aweh saran ben Aqidaeh lurus, saran kuwe ya, ditampa trus dipikirna. Keyakinane kuwe pancen bener apa ora, trus keyakinane kuwe nyinggung wong apa ora.

Jere Kyaine sing aku sok merguru. Urusan Habluminannas kuwe penting. Dewek dadi wong kuwe kudu bisa padadene ngemutna. Uga pancen wis dadi kewajibane ngemutna. Sing menceng kuwe kudu dilurusna. Ngger ana masalah kudu dirembug nganggo ati sing adem. Ora kena gontok - gontokan, apamaning nganti jotos - jotosan. Ngger rika pancen rumangsa bener, trus masalah kuwe pancen masalah prinsip, contone agama. Trus rika ora bisa ngatasi, Dewek bisa laporan maring sing "berwenang" utawa maring pemerintah sing kon ngatasi. Mboh pemerintah kuwe, uga rika padha sing milih, dadi konsekuensine, rika uga kudu percaya maring pemerintah.

Tapi ana sing lewih penting tenimbang urusan Habluminannas, ya kuwe Habluminallah. Jere kyaine Habluminallah kuwe urusan rika langsung Maring Gusti Allah, urusan pertanggungjawabane rika wektu esih urip nang alam dunya. Ngko ditakokna nang Akhirat. Ngger urusan sing siji kiye ora gampang, kudu disangga dewek, ora bisa ngejak wong liya. Trus kudu bener - bener dilakoni, ora sembarangan, aja nganti salah.

Mulane cara inyong, sedurunge rika urun campur urusan wong. Mending pertanggungjawabane dewek disit sing diutamakna, Ngibadaeh sing mbantheng, sing bener. Nggo jaminan nang akhirat. Ngibadah kuwe oranana pol'e. Wis kaya kuwe esih urung karauan awake dewek mlebu maring Surga. Awake dewek ora kena sembarangan ngajari wong liya, ya ngger ngajarine wis jelas bener, ngger ora mbok nambaih dosane awake dewek. Saran mring wong liya kon bener kuwe apik, inyong setuju, tapi ora kena maksa. Kuwe mau kabeh ujare Kyaine.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Gratis Ngalusna Kulit, Cepet, Aman, Langka Efek Samping.

Posted by NIN 11:56 AM, under | 2 comments

Kiye resep ora khusus nggo putune inyong sing esih pada prawan. Tapi nggo kabehan sing pancen mbutuhna ben kulite katon alus, bersih tur kinclong. Pokomen dijamin berhasil trus wektune gur sedela, ora perlu suwe - suwe. Asal gelem, trus langsung dadi. Garansi, dijamin aman, cepet, gratis, ora perlu nganggo obat trus langka efek sampinge. Trus ngger sing awake nggedombyor alias katon lemu juga bisa diakali ben katon singset.

Rika pada sing ora pede sebab raine akeh bekas kukule, trus sikile akeh belang gudig, plakangane akeh bekas loange. Bisa njajal cara kiye, mesti dadine. Trus ngger sing kempole kaya gebug maling juga bisa njajal cara kiye. Ora nana bahayane babar plothas.
Senajan gampang tetep kudu usaha, tapi usahane ora abot. Paling njajal setengah ari trus langsung bisa. kulite bisa alus trus awake katon langsing. Ngger rika pada pancen minat banget kepengin bisa kulite alus, ngko tak tidokna carane. cara kiye udu asli resep kang inyong, tapi aku takon maring kaki google. Dadi basane nganggo basa wong Landa alias basa Inggris. Ngger sing bisa basa Inggris ya langsung mangsud. Ngger sing ora mudeng basa Inggris ya ngonoh geyayapan nggoleti terjemah.

Ngger rika wis pada penasaran, ngko tak tidoki resepe. Resep kiye kudu "didonlod" ngko trus diplajari carane. Mbok wis pada penasaran "KLIK KENE" nggo donlod. Trus informasi terakhire, cara kuwe bisane nggo potone rika pada. Kayane udu nggo asline.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Bupati Purbalingga Nglesa

Posted by NIN 11:21 AM, under | 1 comment

Kiye udu berita sedulur, tapi hasil analisane inyong sing sok pinter. Pak Heru, bupati Purbalingga sing siki lagi njabat, bareng tak amat - amati beda karo Bupati mbiyen ( ya jelas beda, wonge sejen ). Ngger Pak Triyono, bupati sedurunge Pak Heru, ketone wonge kuwe seneng nggawe acara sing rame. Ya... nggo nyeneng - nyenengna rakyate. Sedela - dela ana acara nang alun - alun Purbalingga, mbuh kuwe lengger, panggung rok, ebeg-ebegan, dangdutan, dangkopi, danggoreng, lan liya - liyane. Pokomen rakyate kuwe nganti mblenger nonton acara nang alun - alun Purbalingga. Malahan nganti masyarakat njaba Purbalingga, nguja mendeng alias marani maring alun - alun Purbalingga nggolet sing akeh tontonan.

Ngger pak Heru bupati siki ketone "Nglesa", alias ora seneng gawe acara nang alun - alun sing keton semarak. Buktine kawit dilantik nganti siki ora tau keton ana panggung gede nang alun - alun nggo tontonan. Paling bakul sing ander nang seubenge alun -alun. Sing sok di guraih nang Satpol PP.
Tapi ora berarti "nglesa" terus ora nana kegiatan babar blas sing nggo masyarakat. Bupati siki kayane lewih seneng maring kegiatan keagamaan. Buktine, secara rutin nganakna Pengajian nang pendopo kabupaten. Kuwe ya inyong dewek setuju banget. Apamaning inyong sing wis kaki -kaki, dadi ora keton gembuyakan. Adem ayem tapi gede manfangate.

Ngger ora pengajian ya... paling wayang. Kuwe malah nyamleng maning. bisa sewengi nge-bleng matane inyong mendelik nang Pendopo nonton wayang nganti Subuh. Masuk angin ora tek pikir pokoke.

Tapi ngger carane inyong, sekali kali ya perlu ana acara nang alun - alun sing katon gemebyar. Kena nggo hiburan anak putune inyong sing esih bujangan. Trus sing lewih penting maning kena nggo imbuh - imbuh kasil bakul sing nang komplek alun - alun.

kabeh mau kuwe pancen ana manfangate dewek - dewek. Ngger sing pengajian apa wayangan ya... aja dibumboni politik, ngger sing gembuyakan nang alun - alun aja pada kerah. Wong senenge ngger ana acara nang alun - alun pada jotosan karo beler. wiieeess jaaannn..

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Dagelane Wayang Golek kaki Entus

Posted by NIN 8:51 AM, under | 1 comment


Sapa sing ora kenal Kaki Entus? kayane kabeh warga Banyumas karo sekitare ngerti Kaki Enthus. Kaki Enthus kuwe dalang sing kesohor nang komplek Jawa tengah, malahan kayane terkenale nganti tekan planet Mars ndean..??

Rika kabeh sing ngerti kaki Enthus, ngertine kae wong Dalang wayang Kulit. Tapi nyatane kaki Enthus lumayan ngger Mayang alias dadi Dalang Wayang Golek. Ngger wong sing komplek Bumiayu apa Tegal kayane wis akeh sing ngerti.
Jebulane kaki Enthus ngger ndalang Wayang golek malah lewih mareghi alias merguyokaken banget. Asli, Inyong sebagai kaki Dableng sing wis pengalaman ( dialem dewek), wis nonton wayang goleke kaki Enthus. Jan... ngguyu nganti kepoyuh - poyuh.

Tenang bae sedulur, video kiye ora arep tak tonton dewek, rika tek bageni kon bisa donlod. Wong nyatane inyong olih video kiye juga sekang kaki google.
Wis, arep ora basa basi... ngger arep melu nonton trus kepengin kel-kelan alias kepingkel - pingkel, Donlod dewek bae. KLIK KENE. Gageyan, mbok ora keduman.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW