METALLICA CLIFF EM ALL

Posted by DABLENK 1:16 AM, under | No comments

Assalamu Alaikum sedulur...
Kiye ana maning jalukan sekang dulur lanang, kaki Mantri kang Majenang. Jere kepengin Metallica Cliff em All. Kebeneran aku wis duwe madan suwe anu olih download. Videone madan lumayan. Ana sing formate video clip alias nggo vcd, ana sing formate avi, malah ana sing formate dvd mbarangan. Aku olieh ya download sekang torrent. Sengaja tak tulis nang kene mbok rika rika sing maca juga kepengin duwe video Metallica Cliff em All. Khusus nggo sing seneng lagu rock.
Kaya sing download lagu Helloween Unarmed best of 25th anniversary. Rika kudu duwe torrent downloader. Ngger kepengin kaya aku nganggo bittorent ya njukut sekang kene. njukut Bittorrent sing versi 6.4e bae, wis lumayan. Trus langsung diinstal. Ngger wis rampung nginstall file torrnet di add mring Bittorent trus langsung didownload.
Kiye file torrent:
Metallica Cliff em All sing video clip pejet kene
Metallica Cliff em All sing avi pejet kene
Metallica Cliff em All sing dvd pejet kene
Selamat mencicipi lagu rock Metallica Cliff em All kaya kesenenganku...

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

HELLOWEEN SING UNARMED BEST OF 25TH ANNIVERSARY

Posted by DABLENK 1:09 AM, under | 1 comment

Assalamu Alaikum sedulur...
Lha kiye iyong kaki Dablenk arep nulis maning. Tulisan kiye jane jalukane sedulur lanange inyong... kaki Gembel nang kandang wedus, eh dudu ding, tapi nang Kebumen. Kaki Gembel kuwe njaluk maring aku lagune Helloween sing Unarmed best of 25th anniversary. Lha kebeneran banget aku juga nembe olih, alias nembe download. Sengaja tak tulis nang kene mbok rika rika sing maca juga kepengin duwe lagune Helloween sing anyar. Jan jane lagune anu pada karo sing mbiyen sing apik apik. Tapi kiye dikumpulna dadi siji karo madan diuthik uthik semending.
Lagu Helloween sing aku download kuwe olieh sekang Torrent. Aliase ya file Torrent. Dadi downloade ya kudu nganggo Torrent downloader. Angger aku nganggone Bittorrent. Milih versi sing torrent 6.4e Bae, kuwe ya wis luwayan. Ngger urung duwe Bittorrent gari download sekang kene. Dong pas download lagu Metallica Cliff em All ya padha bae.
Ngko ngger wis olih Bittorent, langsung diinstal bae nang komputere rika. Ngger wis diinstal lebokna bae file torrent Helloween unarmed best of 25th anniversary. Terus langsung di download. Lha nggo njukut file Torrent Helloween Unarmed best of 25th anniversary, njukut sekang kene.
Ngger wis rampung downloade gari dirungokna nganti kupinge budeg... suwun

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

NGAMEN KHOTBAH

Posted by DABLENK 12:02 PM, under | 1 comment

Kiye ana pitakonan sekang Tarso, kuwe nang halaman Purbalingga. Tapi bocaeh jan mbingungi... sengertine inyong sing jeneng Maos ya kabupaten Cilacap. Tapi kiye ana Maos kabupaten Purbalingga... ya mbuh ngendi jluntrungane. Pitakonane juga mbingungi... bisnis Online sekaligus ibadah, ngger cara inyong bisnis ya bisnis bae, ibadah ya ibadah bae, angel angger dicampur. Inyong takon kaki google ya ora ngerti jawabane. Tapi mbok rika penasaran, kiye inyong duwe cara bisnis Online sing karo ibadah, carane:
Nang nggone rika mbok akeh warnet? Rika nggawa gelas aqua sing kosong, terus mlebu warnet kuwe, ora usah Online. Rika nang njero warnet kuwe khotbah apa ceramah bae. Sedingah dingaeh rika nggole khotbah, sing penting khotbah sing apik. Terus ngger wis rampung, kuwe gelas aqua kosonge diideraken mring sing pada nang warnet kono nggo njaluki receh, kaya ngamen. Khotbaeh rika jenenge ibadah. Njaluki receh kuwe rezeki, nang warnet anggep bae Online.
Rika mbok ngerti sing nang tivi tivi kae. Sing pada ilmune duwur. Trus wis pinter khotbah. Menurut informasi, kae ngger sekali khotbah nang tivi bayarane ora sethitik. Jere juta’an. Lha rika sing nang ndesa terus inyong yakin ilmune rika urung duwur, ya cukup khotbah turut warnet bae. Ngger bar khotbah terus njaluke recehan nganggo wadah aqua. Dadi diarani ngamen khotbah bae. Masalaeh ngger njaluke infaq, mbok ndarani ngemis, mbok lewih katon nlangsani, Sing penting hallal. Sapa ngerti ngko ilmune rika duwur, ngko bisa khotbah nang tivi tivi. Bayarane akeh... kaya artis.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

CIKUNGUNYA

Posted by DABLENK 7:42 PM, under | 2 comments

Jaman siki, musim udan, jan akeh banget wong mriyang, penyakit ya macem macem. Salah sijine ana sing jenenge cukungunya. Mbuh aran apa maning kuwe... jere si penyakit asale kang lemud sing nularaken. Gejalane panas wetenge nek, bebeh mangan trus awake padha pegel. Jere kaya gejala tipes. Jere monge penyakit kuwe langka tamba pil sing khusus nggo cikungunya, alias mari dewek. Wong asale kang virus. Paling, ben cepet seger kon mangan sayuran sing akeh dadi kaya wedus, buah sing akeh asal aja nyolong nggone tanggane. Sing penting maning dikeih nginum, ngger bisa nginum oralit... apa banyu gula dicampur uyah.
Tapi bebeh temen nggane wong lagi mriyang trus awake pada pegel, kon ndina ndina nginumi banyu gula karo uyah bae... ya tlembung kanginen.
Inyong kaki Dableng sebabe penasaran dadi nggolet inpo maring nganah nganah, apa bener cikungunya langka obate. Jawaban rata rata padha. Bisa mari dewek sing penting ningkataken kekebalan tubuh.
Lha inyong trus takon mring kancaku kaki Iwan. Jawaban jere pancen ora usah ditambani karo obat antibiotik. Sing mriyang bisa mari dewek. Tapi penyakit bisa dicegah sekang lemude.
Sebabe penasaran inyong takon ndedes maring kaki Iwan kepriwe carane. Jere kaki Iwan ben ora nyakot wong lemude kon sekolah. Inyong takon maning masa ana lemud kon sekolah. Jawaban kaki Iwan: wong tikus be bisa dines nang kantor masa lemud ora bisa sekolah.
Ooooo pancen.... dasar iwan fals ya... lagune be Tikus tikus kantor.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW