CIKUNGUNYA

Posted by DABLENK 7:42 PM, under | 2 comments

Jaman siki, musim udan, jan akeh banget wong mriyang, penyakit ya macem macem. Salah sijine ana sing jenenge cukungunya. Mbuh aran apa maning kuwe... jere si penyakit asale kang lemud sing nularaken. Gejalane panas wetenge nek, bebeh mangan trus awake padha pegel. Jere kaya gejala tipes. Jere monge penyakit kuwe langka tamba pil sing khusus nggo cikungunya, alias mari dewek. Wong asale kang virus. Paling, ben cepet seger kon mangan sayuran sing akeh dadi kaya wedus, buah sing akeh asal aja nyolong nggone tanggane. Sing penting maning dikeih nginum, ngger bisa nginum oralit... apa banyu gula dicampur uyah.

Tapi bebeh temen nggane wong lagi mriyang trus awake pada pegel, kon ndina ndina nginumi banyu gula karo uyah bae... ya tlembung kanginen.
Inyong kaki Dableng sebabe penasaran dadi nggolet inpo maring nganah nganah, apa bener cikungunya langka obate. Jawaban rata rata padha. Bisa mari dewek sing penting ningkataken kekebalan tubuh.
Lha inyong trus takon mring kancaku kaki Iwan. Jawaban jere pancen ora usah ditambani karo obat antibiotik. Sing mriyang bisa mari dewek. Tapi penyakit bisa dicegah sekang lemude.
Sebabe penasaran inyong takon ndedes maring kaki Iwan kepriwe carane. Jere kaki Iwan ben ora nyakot wong lemude kon sekolah. Inyong takon maning masa ana lemud kon sekolah. Jawaban kaki Iwan: wong tikus be bisa dines nang kantor masa lemud ora bisa sekolah.
Ooooo pancen.... dasar iwan fals ya... lagune be Tikus tikus kantor.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

2 komentar:

Penyakit Cikungungya pancen nyusahna banget. Walopun aku ra pernah kenang penyakit kie, tapi kudu tetep waspada. Apamaning penyakit kie pancen angel gole diobati karo gawe sengsara awak.

O ya Kang, rika Banyumase ngendi??? Aku sekang Kemranjen. Nek rika sempet, kapan2 kopdar. Aku tau gawe Logo Bawor Blogger Banyumas. Nek rika arep, tek kirimna lewat email. Link blog kie wis tek sog sang blogku. Salam bae sekang wong Kemranjen.

sami sami bos... tak tunggu kirimane

Post a Comment