NGAMEN KHOTBAH

Posted by DABLENK 12:02 PM, under | 1 comment

Kiye ana pitakonan sekang Tarso, kuwe nang halaman Purbalingga. Tapi bocaeh jan mbingungi... sengertine inyong sing jeneng Maos ya kabupaten Cilacap. Tapi kiye ana Maos kabupaten Purbalingga... ya mbuh ngendi jluntrungane. Pitakonane juga mbingungi... bisnis Online sekaligus ibadah, ngger cara inyong bisnis ya bisnis bae, ibadah ya ibadah bae, angel angger dicampur. Inyong takon kaki google ya ora ngerti jawabane. Tapi mbok rika penasaran, kiye inyong duwe cara bisnis Online sing karo ibadah, carane:
Nang nggone rika mbok akeh warnet? Rika nggawa gelas aqua sing kosong, terus mlebu warnet kuwe, ora usah Online. Rika nang njero warnet kuwe khotbah apa ceramah bae. Sedingah dingaeh rika nggole khotbah, sing penting khotbah sing apik. Terus ngger wis rampung, kuwe gelas aqua kosonge diideraken mring sing pada nang warnet kono nggo njaluki receh, kaya ngamen. Khotbaeh rika jenenge ibadah. Njaluki receh kuwe rezeki, nang warnet anggep bae Online.
Rika mbok ngerti sing nang tivi tivi kae. Sing pada ilmune duwur. Trus wis pinter khotbah. Menurut informasi, kae ngger sekali khotbah nang tivi bayarane ora sethitik. Jere juta’an. Lha rika sing nang ndesa terus inyong yakin ilmune rika urung duwur, ya cukup khotbah turut warnet bae. Ngger bar khotbah terus njaluke recehan nganggo wadah aqua. Dadi diarani ngamen khotbah bae. Masalaeh ngger njaluke infaq, mbok ndarani ngemis, mbok lewih katon nlangsani, Sing penting hallal. Sapa ngerti ngko ilmune rika duwur, ngko bisa khotbah nang tivi tivi. Bayarane akeh... kaya artis.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

CIKUNGUNYA

Posted by DABLENK 7:42 PM, under | 2 comments

Jaman siki, musim udan, jan akeh banget wong mriyang, penyakit ya macem macem. Salah sijine ana sing jenenge cukungunya. Mbuh aran apa maning kuwe... jere si penyakit asale kang lemud sing nularaken. Gejalane panas wetenge nek, bebeh mangan trus awake padha pegel. Jere kaya gejala tipes. Jere monge penyakit kuwe langka tamba pil sing khusus nggo cikungunya, alias mari dewek. Wong asale kang virus. Paling, ben cepet seger kon mangan sayuran sing akeh dadi kaya wedus, buah sing akeh asal aja nyolong nggone tanggane. Sing penting maning dikeih nginum, ngger bisa nginum oralit... apa banyu gula dicampur uyah.
Tapi bebeh temen nggane wong lagi mriyang trus awake pada pegel, kon ndina ndina nginumi banyu gula karo uyah bae... ya tlembung kanginen.
Inyong kaki Dableng sebabe penasaran dadi nggolet inpo maring nganah nganah, apa bener cikungunya langka obate. Jawaban rata rata padha. Bisa mari dewek sing penting ningkataken kekebalan tubuh.
Lha inyong trus takon mring kancaku kaki Iwan. Jawaban jere pancen ora usah ditambani karo obat antibiotik. Sing mriyang bisa mari dewek. Tapi penyakit bisa dicegah sekang lemude.
Sebabe penasaran inyong takon ndedes maring kaki Iwan kepriwe carane. Jere kaki Iwan ben ora nyakot wong lemude kon sekolah. Inyong takon maning masa ana lemud kon sekolah. Jawaban kaki Iwan: wong tikus be bisa dines nang kantor masa lemud ora bisa sekolah.
Ooooo pancen.... dasar iwan fals ya... lagune be Tikus tikus kantor.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW