Kaki Dablenk Njagong nang Senayan

Posted by NIN 11:34 AM, under | 1 comment

Dongeng "Kaki Dablenk" Versi Bahasa Indonesia, Silahkan "Klik Disini"

Ketemu maning sedulur.... karo Inyong, Kaki Dablenk. Inyong Arep crita, aku mau mbengi bar ngimpi... ngana - nganane aku njagong nang Senayan dadi Anggota DPD. Pertamane Inyonk gela banget, masalaeh nang kono, wong sepirang pirang, inyong paling ala, dandanane paling elek. Tapi ora papa, wong jenenge anggota DPD, kudu bisa mewakili "Apa Anane" daerah sing diwakili, wong daeraeh inyong urung "Nggantheng tur apik banget" alias esih sederhana... ya aku mewakili, dandan sederhana.


Nang kono inyong melu rapat, mbahas kemajuan daerah... Anggota liyane padha pathing "Pechotot" cangkeme, nggole padha usul masalah perkembangan daeraeh kon padha maju. Tehnologi kudu berkembang, rakyate kon padha "mendelik" maring tehnologi. Ana sing daeraeh arep dibangun pabrik, komputerisasi... ujar - ujare film Transformer mbok.

Bareng wis padha ngaso, kesel cangkeme. Giliran Inyong usul:
"Pancen apik arep mbangun daerah sing maju, tehnologi sing maju. tapi rika padha kudu kemutan, kaki buyute rika kuwe nggole mbangun kebudayaan nang daerah kiye ora sedela, perlu proses. Nggawe kebudayaan sing adi luhung, kebudayaan sing apik. Ya nggo pedoman utawa cekelan rika pada sebagai anak buyute.


Apa arep dibuang thok... arep padha kelalen blass...!!! Pancen apik rika pada arep mbangun daeraeh... majukna tehnologi, tapi kudu kemutan budaya. Primen carane mbangun tehnologi sekaligus "mempertahankan" syukur meningkatkan nilai budaya sing wis diturunaken nang kaki buyute rika. Kebudayaan daeraeh rika padha kuwe langka sing ala, apik kabeh... eman eman ngger nganti ilang!!


Inyong priyatin ndeleng bocah enom siki pada kelalen maring kebudayaane dewek, mulane inyong kepengin "Membudayakan Budaya"ne dewek maning.


Lha melalui rapat kiye, inyong arep usul. Nggo majukna daeraeh inyong dewek, terutama Jawa Tengah. Inyong arep ngakeih hal hal sing mambu "Budaya". Contone: kurikulum nang sekolahan diakeih masalah budaya lokal, hiburan sing sifate ngangkat budaya daerah ijine digawe lewih gampang.


Tapi usulku sing paling penting kuwe, aku kepengin gawe "wayang robot". ben bocah jaman siki bisa dolanan tehnologi tapi ura kelalen maring budaya wayang... hehe..

Usulku urung ana tanggapan, tapi aku wis kebanjur tangi disit. Ya... moga - moga bae ngimpine inyong bisa terwujud"

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Wayang Robot

Posted by NIN 11:28 AM, under | No comments

Saudara semua, akhirnya ketemu lagi dengan saya, Kaki Dablenk yang gemar bercerita ngawur. Semalam saya bermimipi, seolah olah saya duduk di Senayan menjadi anggota DPD. Tapi waktu itu saya merasa sangat kecewa. Karena dari sekian banyak orang yang duduk disitu. Saya paling jelek, pakaian saya paling semrawut. Tapi tidak apa-apa, namanya saja "anggota DPD" harus bisa mewakili "apa adanya" daerah yang diwakili. Karena daerah saya belum " sangat bagus dan sangat rapi" alias masih sederhana. saya harus bisa wemakili daerah saya untuk "sederhana"

Saat itu saya ikut rapat, membahas kemajuan daerah. Semua anggota yang lain mulutnya hanya membual tentang bagaimana daerahnya supaya maju. Tekhnologi harus berkembang, rakyat harus tahu tentang tekhnologi. Ada yang ingin membangu pabrik di daerahnya, komputerisasi, seperti film transformer.


Setelah semuanya capai membual, giliran saya usul:
" Memang bagus jika membangun daerah agar maju. Tapi saudara semua harus ingat, nenek moyang saudara semua itu perlu waktu yang tidak sebentar untuk membangun kebudayaan di daerah saudara, perlu proses. Membuat kebudayaan yang Adiluhung, kebudayaan yang bagus. Untuk pedoman utawa pegangan saudara semua sebagai anak cucunya.


Apa kebudayaan itu hanya akan dibuang? akan melupakannya? Memang bagus saudara semua membangun daerah, memajukan tekhnologi, tapi harus ingat budaya. Tekhnologi harus berkembang tetapi sekaligus harus mempertahankan, lebih bagus jika bisa nilai budaya yang sudah diturunkan oleh nenek moyang kita. Kebudayaan daerah dari saudara semua itu tidak ada yang jelek. Sayang jika sampai hilang.


Saya sangat prihatin jika meluhat anak muda jaman sekarang sudah lupa kepada kebudayaannya sendiri. Maka dari itu saya ingin Membudayakan Budaya sendiri.


Melalui rapat ini, saya usul untuk memajukan daerah saya sendiri, terutama di jawa Tengah. Saya akan memperbanyak hal yang berorientasi budaya. Contohnya; kurikulum sekolah diperbanyak masalah budaya lokal, hiburan yang mengangkat budaya lokal ijinnya dipermudah.


Tetapi usul saya yang paling penting adalah: saya ingin membuat "Wayang Robot". Agar anak jaman sekarang bisa tetap bermain dengan tekhnologi tetapi tidak melupakan budaya wayang.

Usul saya belum ada tanggapan, tetapi saya sudah terbangun dari tidur. Semoga mimpi saya bisa terwujud.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Serat wirid Hidayat Jati, one of the ancient Javanese testament books

Posted by NIN 6:24 PM, under | 1 comment

Serat wirid Hidayat Jati, is one of the ancient Javanese testament book written by Raden Ngabehi Ronggowarsito a nobleman from the Kingdom of Surakarta, Java, Indonesia antiquity. This book is printed by N.V. Mij. t / vd / z ALBERT RUSCHE & CO.., Surakarta in 1908. This book contains about human origins and man's relationship with God. The core of this book is a combination of Javanese culture and Islamic guidance.

This book contains among others:

Wejangan ke-1 Ananing Dzat
Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, sajatine kang maha suci anglimputi ing sipat Ingsun, anartaning asman Ingsun, amratandhani ing apngalIngsun.

Description:
Surely God existed before the created universe and its contents.

Wejangan ke-2 Wahananing Dzat
Sajatine Ingsun dat kang amurba amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning apngal Ingsun kang minangka bebukaning iradat Ingsun, kang dhingin Ingsun anitahake kayu aran sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam ngadam makdum ajali abadi. Nuli cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh ilapi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya aran darah, nuli dhindhing jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing kalarat Ingsun.

Description:
Truly universe and its contents were created by God. If God wants then everything can happen. God created the earth, fire, water, sky, trees and others. And God also created human beings who animate.

Wejangan ke-3 Kahananing Dzat
Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake adam asal saka anasir patang prakara, bumi, geni, angin, banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat Ingsun, ing kono Ingsun panjingi mudah limang prakara, nur, rahsa, roh, napsu, budi. Iya iku minangka warananing wajah Ingsun kang maha suci.

Description:
Truly man was created according to God's will. God created humans from earth, fire, wind, water. And God entered into human five things that nur / aura (eng: light / aura), Rahsa (eng: the feeling), spirits (eng: spirit), lust (eng: lust), kindness (eng: goodness)

Wejangan ke-4 Pambukaning tata malige ing dalem betalmakmur
sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betalmakmur, iku omah enggoning parameyan Ingsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing kahanan jati.

Description:
Behold, the man has a passion that comes from the brain or mind. Human passions must be controlled by feelings. And God is always with people who can control desires.

There are still many contents of this book that explains about the method to human life in the world. And what about the human relationship with God. Until now many people of Java, Indonesia, which considers this book as a sacred book. Precision needed to understand the contents of this book

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Kantong Macan, Amulets Teleportation and Other Meanings

Posted by NIN 4:57 PM, under | 1 comment

Kantong Macan is a bag-shaped object, made of flesh is black, and patterned like a tiger, with varying sizes. Kantong Macan is trusted by some communities in Java, Indonesia as an heirloom that is generally shaped like a pouch that has fur and contain Mustika (eng: gemstones) (usually 2 pieces of gemstones). The function of Kantong Macan is as a means of transportation as Invisibility (teleportation), which reputedly the antiquity widely used as a means of transportation to travel up to hundreds or even thousands of kilometers in just a few minutes.



According to Javanese tradition, Kantong Macan has 4 levels, namely:
  1. Gembong (eng: Kingpin)
  2. Lodaya
  3. Djambrong
  4. Macan Putih (eng: White Tiger)

Many who could prove the function of Kantong Macan as a means of teleportation. You may believe it or not. That's up to your opinion.

There are some ancient people thought Kantong Macan is a figurative language. The point is, Kantong Macan does have a very good sense, but should be studied first.
Kantong comes from the words: Kantong (eng: bag) while Macan comes from the words: Macan (eng: tiger) that symbolizes something that is savage or lust. People who have the means Kantong Macan is a passion that can enter into the bag. That is, the person is able to control the passions.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

keris, sword typical Java, full of mystical

Posted by NIN 9:19 PM, under | No comments

Keris is a kind of short sword that comes from the island of Java, Indonesia. Ancient Keris century has been used between 9 and 14. Besides being used as a weapon, a dagger is also considered to have supernatural powers, magic, magic.

Keris mostly made of iron and other materials mixture (steel), but there are some made of gold dagger. In fact, many decorated with various kinds of keris gems to add to the impression of authority.

Keris has a variety of forms, for example, there are winding blade (always an odd they are many) and some are straight bladed. Javanese people assume different forms have different effects esoteri.

Besides being used as a weapon, a dagger is also often considered to have supernatural powers. These weapons are often mentioned in many traditional legends, such as Keris MPU Gandring in legend of Ken Arok and Ken Dedes.

For most people of Java, Indonesia. Keris believed to have magical and mystical power. Keris is often used as a symbol of self-defense or fortress. for the people of Java, Indonesia, the Keris is often used as a bearer of good luck, adding prestige and create magic.

Many of the people of Java, Indonesia, which has a dagger, which is inherited from their ancestors, who have the power of magic and mysticism. People who have a dagger can be immune from firearms, more dignified and so forth. even some people of Java, Indonesia are still many who adore the keris as a symbol of wealth.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Lisus Bonjok

Posted by NIN 10:11 AM, under | 2 comments

Nyatane ngger wis dadi kersane sing gawe urip, menungsa kuwe ora bisa ngelak. Menungsa kuwe gari tabah tur tawakal... Anggep bae kuwe cobaan ben dadi Inyong karo Rika kuwe tabah trus dadi tambah kandel Imane maring sing gawe urip.

Nang Bonjok, Rawalo nggone sedulure Inyong padha... wingi tanggal 8 Maret 2011 bar ana musibah angin lisus madan gede. Jere... umah nang komplek kono payone padha mabur. Wong komplek kono pada maras wong nyatane angine gedhe. Tapi menurut kabar sing tak tampa. Ora nana korban menungsa nang musibah kuwe.

Bar kedadiyan kuwe... sekang Muspida komplek kono langsung ndata umah sing rusak sebab angin lisus kuwe. Trus warga komplek kono langsung kerigan nggo mbenerna umah sing padha rusak. Perlu diconto kuwe geguyuban wargane, aja isine gur tukaran thok.

Inyong sing ora bisa mbantu langsung, gur bisa urun donga. Moga - moga sing kena musibah bisa tabah karo sabar. Kabeh mau kuwe ujian sekang sing gawe urip. Nggo ngelingna rika padha.

Kagem mba Sum, yung Nar, bude Marto, mas Dedi... sing sabar nggeh...

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Selamat Kagem Satlantas Purbalingga.

Posted by NIN 8:13 PM, under | 1 comment

Sore - sore daripada ndomlong, inyong iseng - iseng ngorak arik kaki Google. E... malah ketemu website duweke Satlantas Polres Purbalingga. Katone situs esih kinyis - kinyis alias esih anyar.

"Nggeh kula rakyat alit ngaturaken Selamat Kagem Sedaya jajaran Satlantas Purbalingga saking wontene website Satlantas Polres Purbalingga."

Pengarep - arepe inyong, website kuwe bisa nggo sarana informasi sekang Lantas Purbalingga nggo kabeh sing nganggo kendaraan bermotor nang lingkungan Purbalingga. Seliyane kuwe uga bisa nggo sarana komunikasi, nyampekna saran, keluhan warga Purbalingga nggo Polres Purbalingga, utamane Satlantas Polres Purbalingga.

Penjaluke inyong website kuwe bisa terus berkembang, lan tepat sasaran sesuai karo fungsi pelayanan nang dunia informatika. Trus sing pada arep saran utawa pertanyaan nang web kuwe ya sing pada sopan, aja asal nulis. Trus pitakonan utawa usule kudu sing bermutu. Kabeh mau nggo meningkatkan pelayanan polisi karo nggo kenyamanan rika kabeh sing nganggo kendaraan bermotor.

Tapi, katone Polres Purbalingga. Sing senduwure Lantas malah kayane ora duwe website. Pripun niki pak Kapolres? napa mboten isin kalih bawahane? Ketinggalan tehnologi. Pak Kapolres, mangga gagehan damel, ben kula sami saged takon utawa saran. Mboten namung masalah montor thok.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Jimat Pring Pethuk

Posted by NIN 11:21 PM, under | 3 comments

Ana maning jimat sing diarani Pring Pethuk. Pring pethuk kuwe jimat sing wujude pring, tapi salah siji thukulan pang'e utawa cabange kuwe madhep ngisor, utawa pethukan karo thukulan pang liyane. Inyong dewek wis tau weruh wujude, pancen barange antik, tur angel nggolete. Tapi ngger manfaat sing hubungane karo urip, inyong dewek ora ngerti. Ngger cara inyong pring pethuk kuwe bisa kedaden sebab kang alam utawa pancen kersane Gusti Allah.

Lha ngger jimat "pring pethuk"?. Ngger cara ramane inyong jimat pring pethuk kuwe uga sanepan wong jaman mbiyen. Sing kudu bener - bener diresapi arti karo mangsude sekang pring pethuk. Rika padha, mesti ngerti wit pring. Wit pring kuwe lurus maring nduwur, pang'e uga madep nduwur kabeh, jarang sing pang'e madep ngisor. Ngger cara wong mbiyen wit pring kuwe perlambang gegayuhan utawa cita - cita. Dadi ngger rika duwe gegayuhan utawa cita - cita kuwe kudu mantep nggole usaha mujudnane. Ora gampang nyerah. Kaya wit pring sing madep lurus maring nduwur.

Senajan wit pring sing nggo perlambang cita -cita mau lurus madep nduwur karo pang'e mbarangan. Tapi lewih apik ngger salah siji pang'e madep ngisor ( sing diarani pring pethuk ). Mangsude ngger rika duwe cita - cita kuwe, pancen apik ngger semangat nggo mujudna. Tapi ana kalane rika kuwe nylinguk mburi, ndeleng githoke dewek. Diresepi maning. Rika kuwe pancen sanggup mujudna cita - citane rika apa ora? Trus cita - citane rika kuwe pancen apik nggo keluargane rika karo tangga teparone rika apa ora?

Dadi cara inyong kesimpulane, ngger rika duwe gegayuhan utawa cita - cita, kudu duwe Jimat Pring Pethuk. Sing mangsude, ngger rika duwe cita - cita, pancen apik ngger semangat nggole mujudna cita - citane, kaya wit pring kuwe mau. tapi kudu duwe perencanaan sing apik, kudu dipikir sebab lan akibate nggo dewek uga nggo wong liya. Mbok apik Jimat pring Pethuk?

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Jimat Kantong Macan

Posted by NIN 11:18 PM, under | 1 comment

Nyambung tulinane inyong winginane masalah jimat. Kye ana conto jimat sing lumayan terkenal. Jenenge "Kantong Macan". Akeh wong padha, sing nggoleti jimat kiye nganti tekan ngendi ora. Nganti ngentongna wragad akeh, bot - bote nggolet jimat kantong macan sing jere bisa nggo piandel urip. Ngger nang inyong, rika padha tak waraih nggolet jimat kantong macan sing gampang, tur gratis.

Rika ana sing wis tau weruh utawa duwe jimat kantong macan? mesti urung ana sing tau weruh apamaning duwe jimat kantong macan. Ngger wis ana sing tau weruh utawa duwe kantong macan, kuwe kaya inyong dewek ora ngerti manfangate. Kantong macan sing asli kuwe sing gur Kebun Binatang thok. Ngger rika rumangsa duwe kantong macan sing asli, cara inyong kuwe udu kantong macan. Tur jelas kantonge thok, langka macane.

Kiye tak waraih carane duwe kantong macan. Cara ramane inyong mbiyen, kantong macan kuwe sekang tembunge wong jaman mbiyen. Ya kuwe sekang tembung kantong karo macan. Kantong kuwe mangsude wadah. Lha ngger macan kuwe cara wong mbiyen perlambang sekang hal - hal sing buas utawa napsu.

Artine kantong macan kuwe wadah nggo madaih hal - hal sing buas utawa napsu sing ora apik. Mangsude jimat Kantong macan kuwe, Segalane sing ana hubungane karo nafsu sing ora apik kuwe, diwadaih utawa dikendalikan, ora bras bres. Pikirane sing aso, ora gampang jengkel, ora kemrungsung.

Dadi cara inyong, wong sing duwe jimat kantong macan kuwe, wong sing bisa ngantongi macane dewek. Mangsude wong sing bisa ngendalikna hawa nafsu sing ora apik. Ora gampang jengkel, bisa lembah manah ngadepi masalah. Ngger bisa ngrumat "kantong macan" kuwe, ngadepi masalah gampang rampung tur bisa ditresnani wong liya. Gampang mbok, olih jimat kantong macan?

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Mangsude Jimat

Posted by NIN 11:15 PM, under | 2 comments

Inyong yakin golagokin rika padha mesti ngerti jimat. malah ana sing gedhabigan ngalor - ngidul nggoleti jimat. Jere monge kena nggo jaga - jaga urip. Kena nggo piandel ben ora diganggu wong jahat. padahal sejatine, urung karuan rika padha kuwe ngerti artine utawa mangsude jimat.

Kiye semending - mending tek ularna mangsude jimat kuwe apa. Inyong olih pengertian kiye uga sekang wong tuwaku. Cara wong gemiyen, jimat kuwe sebenere ukara sanepan, ora bisa diartikna mentah - mentah. Kudu diresepi disit. Senajan jimat kuwe ana sing bener - bener nyata. Tapi senajan jimat kuwe wujude bener - bener nyata. Ngger cara inyong, manjur utawa orane kuwe tergantung "sugestine" sing duwe.

Jimat kuwe sekang ukara barang utawa hal siji sing dirumat. Dadi mangsude barang utawa hal sing kowe duwe, trus kowe bisa ngrumat hal -hal kuwe. Terus hal kuwe sing bisa migunani nang awake rika padha, kuwe sing diarani jimat. Dadi ora mesti jimat kuwe barange katon njlegudhad trus kudu disembah sembah. Malah jere kyaine ngger nyembah barang - barang sing kaya kuwe jenenge musrik.

Jimat kuwe mistik. Pancen terkadang kuwe bener. Tapi mangsude mistik kuwe ora katon. Alias jimat sing rika padha duwe ora katon wujude, dadi diarani mistik. Akeh sekang rika padha sing wis duwe jimat, tapi rika padha ora rumangsa. Sebab hal kuwe ora katon, terus rika padha ora bisa ngrumat jimat kuwe, dadine rika padha ora sadar nek rika padha duwe jimat.

Nang tulisane inyong ngesuk tak terangna contone, macem - macem jimat sing sering nggo goletan wong, contone kaya Kantong Macan, Pring Pethuk. Tapi sejatine rika kuwe bisa tur gampang duwe jimat kuwe, tur ora Musrik.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Renungan : Mayuh sing padha Guyub Rukun

Posted by NIN 11:11 PM, under | 1 comment

Sengertine Inyong, mbiyen dong jaman Perang Kemerdekaan.Inyong kabeh wong se-Indonesia "Bersatu" nggo ngurak Landa ben lunga kang lemah Indonesia. kabeh padha guyub, ora nana sing mbedakna, kowe wong ngendi, sukumu apa. pokoke ora kakehen thetek mbengek pitakonan.

Bareng siki aku lha krasa priyatin banget. Ngger krungu kabar sing nang tipi karo radio. Wong kadar tangga desa thok pada tukaran. kaya sing nang Cikesik apa ngendi kae, Inyong mandan lamat - lamat krungu.

Pancen ngger dipikir penyebabe, masalaeh kuwe ora sederhana. Masalaeh kuwe masalah Aqidah, masalah agama sing dadi prinsipe urip. Ngger ana sing ora bener apa menceng, kuwe kudu dibenerna. Diwei weruh dalan sing bener kon aja nganti keblosok lewih adoh. Tapi aku ora sreg ngger nganti padha jotos - jotosan apamaning nganti ana korban jiwa.
Aku ndukung banget kweh, ngger ana wong sing mbelani agama, nglurusaken wong sing Aqidaeh menceng sekang pathokan agama Islam. Apamaning agama Islam sing kuwe uga dadi aqidaeh inyong. Tapi sarane Inyong nggo sing arep nglurusaken, ora susah nganggo kekerasan, jotos -jotosan apamaning nganggo korban jiwa. Mayuh pada dirembug sing guyub, nganggo ati sing adem. Dirayu ben gelem nganggo Aqidah sing bener sesuai karo Aqidah Islam.

Lha sing diwei saran, senajan kuwe wis dadi kayakinane rika padha. Tapi genah akeh wong sing aweh saran ben Aqidaeh lurus, saran kuwe ya, ditampa trus dipikirna. Keyakinane kuwe pancen bener apa ora, trus keyakinane kuwe nyinggung wong apa ora.

Jere Kyaine sing aku sok merguru. Urusan Habluminannas kuwe penting. Dewek dadi wong kuwe kudu bisa padadene ngemutna. Uga pancen wis dadi kewajibane ngemutna. Sing menceng kuwe kudu dilurusna. Ngger ana masalah kudu dirembug nganggo ati sing adem. Ora kena gontok - gontokan, apamaning nganti jotos - jotosan. Ngger rika pancen rumangsa bener, trus masalah kuwe pancen masalah prinsip, contone agama. Trus rika ora bisa ngatasi, Dewek bisa laporan maring sing "berwenang" utawa maring pemerintah sing kon ngatasi. Mboh pemerintah kuwe, uga rika padha sing milih, dadi konsekuensine, rika uga kudu percaya maring pemerintah.

Tapi ana sing lewih penting tenimbang urusan Habluminannas, ya kuwe Habluminallah. Jere kyaine Habluminallah kuwe urusan rika langsung Maring Gusti Allah, urusan pertanggungjawabane rika wektu esih urip nang alam dunya. Ngko ditakokna nang Akhirat. Ngger urusan sing siji kiye ora gampang, kudu disangga dewek, ora bisa ngejak wong liya. Trus kudu bener - bener dilakoni, ora sembarangan, aja nganti salah.

Mulane cara inyong, sedurunge rika urun campur urusan wong. Mending pertanggungjawabane dewek disit sing diutamakna, Ngibadaeh sing mbantheng, sing bener. Nggo jaminan nang akhirat. Ngibadah kuwe oranana pol'e. Wis kaya kuwe esih urung karauan awake dewek mlebu maring Surga. Awake dewek ora kena sembarangan ngajari wong liya, ya ngger ngajarine wis jelas bener, ngger ora mbok nambaih dosane awake dewek. Saran mring wong liya kon bener kuwe apik, inyong setuju, tapi ora kena maksa. Kuwe mau kabeh ujare Kyaine.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Gratis Ngalusna Kulit, Cepet, Aman, Langka Efek Samping.

Posted by NIN 11:56 AM, under | 2 comments

Kiye resep ora khusus nggo putune inyong sing esih pada prawan. Tapi nggo kabehan sing pancen mbutuhna ben kulite katon alus, bersih tur kinclong. Pokomen dijamin berhasil trus wektune gur sedela, ora perlu suwe - suwe. Asal gelem, trus langsung dadi. Garansi, dijamin aman, cepet, gratis, ora perlu nganggo obat trus langka efek sampinge. Trus ngger sing awake nggedombyor alias katon lemu juga bisa diakali ben katon singset.

Rika pada sing ora pede sebab raine akeh bekas kukule, trus sikile akeh belang gudig, plakangane akeh bekas loange. Bisa njajal cara kiye, mesti dadine. Trus ngger sing kempole kaya gebug maling juga bisa njajal cara kiye. Ora nana bahayane babar plothas.
Senajan gampang tetep kudu usaha, tapi usahane ora abot. Paling njajal setengah ari trus langsung bisa. kulite bisa alus trus awake katon langsing. Ngger rika pada pancen minat banget kepengin bisa kulite alus, ngko tak tidokna carane. cara kiye udu asli resep kang inyong, tapi aku takon maring kaki google. Dadi basane nganggo basa wong Landa alias basa Inggris. Ngger sing bisa basa Inggris ya langsung mangsud. Ngger sing ora mudeng basa Inggris ya ngonoh geyayapan nggoleti terjemah.

Ngger rika wis pada penasaran, ngko tak tidoki resepe. Resep kiye kudu "didonlod" ngko trus diplajari carane. Mbok wis pada penasaran "KLIK KENE" nggo donlod. Trus informasi terakhire, cara kuwe bisane nggo potone rika pada. Kayane udu nggo asline.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Bupati Purbalingga Nglesa

Posted by NIN 11:21 AM, under | 1 comment

Kiye udu berita sedulur, tapi hasil analisane inyong sing sok pinter. Pak Heru, bupati Purbalingga sing siki lagi njabat, bareng tak amat - amati beda karo Bupati mbiyen ( ya jelas beda, wonge sejen ). Ngger Pak Triyono, bupati sedurunge Pak Heru, ketone wonge kuwe seneng nggawe acara sing rame. Ya... nggo nyeneng - nyenengna rakyate. Sedela - dela ana acara nang alun - alun Purbalingga, mbuh kuwe lengger, panggung rok, ebeg-ebegan, dangdutan, dangkopi, danggoreng, lan liya - liyane. Pokomen rakyate kuwe nganti mblenger nonton acara nang alun - alun Purbalingga. Malahan nganti masyarakat njaba Purbalingga, nguja mendeng alias marani maring alun - alun Purbalingga nggolet sing akeh tontonan.

Ngger pak Heru bupati siki ketone "Nglesa", alias ora seneng gawe acara nang alun - alun sing keton semarak. Buktine kawit dilantik nganti siki ora tau keton ana panggung gede nang alun - alun nggo tontonan. Paling bakul sing ander nang seubenge alun -alun. Sing sok di guraih nang Satpol PP.
Tapi ora berarti "nglesa" terus ora nana kegiatan babar blas sing nggo masyarakat. Bupati siki kayane lewih seneng maring kegiatan keagamaan. Buktine, secara rutin nganakna Pengajian nang pendopo kabupaten. Kuwe ya inyong dewek setuju banget. Apamaning inyong sing wis kaki -kaki, dadi ora keton gembuyakan. Adem ayem tapi gede manfangate.

Ngger ora pengajian ya... paling wayang. Kuwe malah nyamleng maning. bisa sewengi nge-bleng matane inyong mendelik nang Pendopo nonton wayang nganti Subuh. Masuk angin ora tek pikir pokoke.

Tapi ngger carane inyong, sekali kali ya perlu ana acara nang alun - alun sing katon gemebyar. Kena nggo hiburan anak putune inyong sing esih bujangan. Trus sing lewih penting maning kena nggo imbuh - imbuh kasil bakul sing nang komplek alun - alun.

kabeh mau kuwe pancen ana manfangate dewek - dewek. Ngger sing pengajian apa wayangan ya... aja dibumboni politik, ngger sing gembuyakan nang alun - alun aja pada kerah. Wong senenge ngger ana acara nang alun - alun pada jotosan karo beler. wiieeess jaaannn..

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW

Dagelane Wayang Golek kaki Entus

Posted by NIN 8:51 AM, under | 1 comment


Sapa sing ora kenal Kaki Entus? kayane kabeh warga Banyumas karo sekitare ngerti Kaki Enthus. Kaki Enthus kuwe dalang sing kesohor nang komplek Jawa tengah, malahan kayane terkenale nganti tekan planet Mars ndean..??

Rika kabeh sing ngerti kaki Enthus, ngertine kae wong Dalang wayang Kulit. Tapi nyatane kaki Enthus lumayan ngger Mayang alias dadi Dalang Wayang Golek. Ngger wong sing komplek Bumiayu apa Tegal kayane wis akeh sing ngerti.
Jebulane kaki Enthus ngger ndalang Wayang golek malah lewih mareghi alias merguyokaken banget. Asli, Inyong sebagai kaki Dableng sing wis pengalaman ( dialem dewek), wis nonton wayang goleke kaki Enthus. Jan... ngguyu nganti kepoyuh - poyuh.

Tenang bae sedulur, video kiye ora arep tak tonton dewek, rika tek bageni kon bisa donlod. Wong nyatane inyong olih video kiye juga sekang kaki google.
Wis, arep ora basa basi... ngger arep melu nonton trus kepengin kel-kelan alias kepingkel - pingkel, Donlod dewek bae. KLIK KENE. Gageyan, mbok ora keduman.

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW