Lisus Bonjok

Posted by NIN 10:11 AM, under | 2 comments

Nyatane ngger wis dadi kersane sing gawe urip, menungsa kuwe ora bisa ngelak. Menungsa kuwe gari tabah tur tawakal... Anggep bae kuwe cobaan ben dadi Inyong karo Rika kuwe tabah trus dadi tambah kandel Imane maring sing gawe urip.

Nang Bonjok, Rawalo nggone sedulure Inyong padha... wingi tanggal 8 Maret 2011 bar ana musibah angin lisus madan gede. Jere... umah nang komplek kono payone padha mabur. Wong komplek kono pada maras wong nyatane angine gedhe. Tapi menurut kabar sing tak tampa. Ora nana korban menungsa nang musibah kuwe.

Bar kedadiyan kuwe... sekang Muspida komplek kono langsung ndata umah sing rusak sebab angin lisus kuwe. Trus warga komplek kono langsung kerigan nggo mbenerna umah sing padha rusak. Perlu diconto kuwe geguyuban wargane, aja isine gur tukaran thok.

Inyong sing ora bisa mbantu langsung, gur bisa urun donga. Moga - moga sing kena musibah bisa tabah karo sabar. Kabeh mau kuwe ujian sekang sing gawe urip. Nggo ngelingna rika padha.

Kagem mba Sum, yung Nar, bude Marto, mas Dedi... sing sabar nggeh...

IF YOU LIKE TIHS POST, PLEASE CLICK BELOW